Minggu, 29 September 2013

Pidato Bahasa Jawa "Atur Pambagya saking Ketua Karang Taruna"

Assalamu'alaikum wr.wb

Bapak Kepala Desa Sida Mulya ingkang satuhu kinurmtan, Ketua Panitia Pengetan Dinten Kamardikan ingkang kinurmatan ugi, lan mboten kesupen para kanca- kanca karang taruna tunas bangsa ingkang tansah kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga esarengan ngonjukaken raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Welas Asih saking Welas asihipun kula lan panjenengan sedaya saged makempal lan pinanggih wonten ing adicara "Pengetan Dinten Kamardikan ingkang kaping 68."
Para rawuh ingkang satuhu lebda ing kawruh,
Kula minangka Ketua Karang Taruna Tunas Bangsa ngaturaken agunging panuwun dhumateng para rawuh sedaya ingkang sampun kersa mbucal wekdal netepi sedhahan kula kangge ngrawuhi adicara menika.
Salajengipun kula ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Kepala Desa Sida Mulya ingkang sampun paring idin kangge ngawontenaken adicara menika.
Mboten kesupen kula ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng sedaya panitia lan kanca-kanca amarga sampun paring pambiyantu awujud menapa kemawon, ingkang sedaya kala wau andadosaken gancaring adicara menika.
Para rawuh ingkang satuhu luhuring budi,
Minangka sesulihipun karang taruna, kula nyuwun agunging samodra pangaksami mbok bilih anggenipun ngawontenaken adicara menika kathah kekiranganipun, kiranging suba sita, kiranging pasugatan, saha kiranging palenggahan, sepisan malih kula nyuwun agunging pangaksami.
Para rawuh ingkang kinurmatan
Mugi-mugi kanthi adicara pengetan dinten kamardikan RI menika saged nuwuhaken raos enget dhumateng lelabetanipun para pahlawan ingkang sampun gugur dados kusumaning bangsa.
Salajengipun dhumateng para mudha mugia saged nerasaken gegayuhanipun para pahlawan kanthi ngisi kamardikan menika mawi tumindhak migunani tumraping nusa, bangsa, nagari, lan agami.
Para rawuh sedaya ingkang kinurmatan,
Cekap Semanten aturkula, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kula nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamu'alaikum wr.wb

Karya : Luli Nur Irmalasari

1 komentar:

Posting Komentar